Tips Aman dan Nyaman UN

iki wes bulan Maret padahal UN wes April, harakon siap a?
lek dorong kene tak kek'i Tips-tips'e UN ben aman dan nyaman, oke? 

1. Sediakno pensil 2B seng asli, ojok gowo pensil warna lho.

2.LJK iku dibunderi ireng rek, ojok sampek mbok gambari love-love opomaneh mbok coblos, duk pemilu iki.

3. Lek ngisi jeneng, isien jeneng aslimu ojok jeneng Facebookmu misal Bagong aGy ceDih p4ant4n6 mEnyErah Cemun6ut eaa.

4.  terus maneh ojok diisi jeneng'e pacar/ arek sing kon incer, ojok macak romantis kon.

5. Tulis tanggal UN sing genah ojok tanggal dadian ambek pacarmu.

6. Kerjakno sing gampang disek rek, lek saumpomo angel kabeh, yo sing tabah ae.

7. lek nyerah gak iso blas, alternatif terakhir, dadah-dadah nang kamera.

8. lek gaiso ngerjakno, soale gowoen mulih, ngomong nang pengawas'e gawe PR.

9. Nulis krepek'an ning kertas saiki gak jaman, saiki jaman'e iku nulis ning i-pad.

10. Sebarno uyah ning sekitar mejomu ben pengawas'e gak nyidek.

11. LJK gak oleh lungset dadi sak durunge garap, disetriko disek.

12. Pelajar yang baik tau sopan santun, saumpama kate nyonto ijin khusus disek nang pengawas.

13. Takok jawaban nang pengawas gak opo-opo, pokok ojok takon nomer HP utowopin BB, lek gak kepingin diseplok.

Demikian Tips UN semoga bermanfaat guna kepentingan nusa dan bangsa.
SELAMAT UJIAN ! 
Category: 0 comments

0 comments:

Post a Comment